Article

Nglestantunaken Basa Jawi Tanggel Jawabipun Sinten?

Sesarengan Nglestantunaken Basa Jawi

Ing jaman sarwa modern menika basa daerah kados Basa Jawi kadosipun kirang menarik malih dateng para ngamudha utawi milenial.  Kaum ngamudha langkung ketarik kaliyan basa manca utawi basa asing kadasta Bahasa Inggris, Perancis Mandarin lan sapanunggalanipun.  Para wiranem utawi milenial rumaos mangkag menawi saged ngginakaken basa asing kasebat, sae menika wicara utawi seratan.  Prigel ngendikan saha nyerat basa asing saget paring “nilai tambah” wonten ing sesrawungan ugi kangge pados pedamelan saha pangupa jiwa.  Mila para tiyang sepuh lanjeng ndhaptaraken putra-putrinipun wonten ing pasinaon tambahan (les) utawi privat basa manca, kanthi tujuan supados putranipun punika pinter lan lantip migunakaken basa asing.

Sawetara basa dhaerah kados Basa Jawi milai kathah dipun tinggalaken, kathah lare anem lan ugi lare alit mboten ketarik nyinau Basa Jawi.  Wonten ing padintenan, kita saget mrangguli, kathah tiyang langkung lancar ngendikan Basa Indonesia kanthi bumbu basa manca tinimbang basa Jawi.  Wonten ing rapat-rapat, pepanggihan, arisan, trah lan sapanunggalanipun, ngginaaken Basa Jawi namung winates.  Menawi taksih migunaaken basa Jawi, sasestu menika kedah pun syukuri.  Ugi wonten ingkang ngagem basa Jawi krama upaminipun, taksih kita panggihi tembung utawi ukara ingkang kirang pas, kadasta paring lan caos, tindak lan kesah, dhahar lan nedhi lan sanesipun ingkang klentu anggenipun ngginaaken.  Kadosto, satunggaling wiranem nalika mimpin rapat ingkang rawuh para sepuh ngendika, “Undangan pepanggihan menika sampun kula paringaken datheng Bapak Ketua RT lan Bapak Dukuh.”   Kedahipun ‘Sampun kulo caosaken’ menika namung setunggal conto kemawon.  Mekaten ugi kathah lare lan nem-neman ingkang  mboten saget Basa Jawi kamangka tiyang sepuhipun kekalihipun tiyang Jawa (Ngayogyakarta asli).   Malah wonten kluwarga mudha ingkang ngginaaken komunikasi wonten ing dalem ngagem bahasa Indonesia, kamangka lingkunganipun basa Jawi.  Ing mbok bilih rumaos langkung modern kabandingaken kluwarga sanes.  Lare-lare ugi sampun sami nyepeng ponsel, nge-Game, utawi nonton film ing Basa Indonesia ugi basa manca.  Lare-lare sampun biasa srawung lan mireng suwanten lan seratan basa manca utawi Basa Indonesia.  Waosan utawi suwanten basa dhaerah (Jawi) malah dados suwanten ingkang asing wonten ing dhaerahipun piyambak.  Namung sekedhik media (televisi, radio, koran, majalah) ingkang migunaaken basa daerah.  Malah televisi mbanjiri kanthi sinetron Basa Indonesia lan film manca, sahingga lare-lare lan ngamuda saha tiyang sepuh sampun gesang kanthi Basa Indonesia lan winates ing basa Jawi.  Mula mboten mokal menawi Basa Jawi sansaya asing wonten dhaerahipun piyambak.  Mila wonten ingkang nguwatiraken menawi pitungndasa gangsal tahun maleh Basa Jawi badhe musna, ical saking panggesangan ing tanah Jawi.  Mbok bilih samangkeh Basa Jawi kantun kenangan masa lalu.  Lajeng menika tanggel jawabipun sinten? Perlu penggalihan supados Basa Jawi tetap dipun remeni lan diagem masyarakat, lestatun, kaajab langkung ngrembaka.

Paling mboten wonten tiga lembaga ingkang penting, inggih punika : kluwarga, masyarakat lan pemrentah.   Tetiganipun sami-sami penting lan kedah bantu binantu kangge nglestantunakan lan grembakaaken Basa Jawi.  Sepisan kluwarga, saestu penting peranipun kangge tumut nglestantunaken lan ngrembakaaken Basa Jawi. Amargi menapa?  Lare lan para ngamudha kathah-kathahipun langkung dangu sesambetan wonten ing kluwarga, milai saking ajeng mapan tilem dumugi badhe tilem maleh biasanipun komunikasi kalih anggota keluarga.  Pramila dipun perlokaken pembiasaan migunaaken Basa Jawi wonten ing nggriyo utawi dalem.  Tiyang sepuh minangka tepa palupi, conto ingkang kongkrit, minangka role model anggenipun migunaaken Basa Jawa amargi menapa ingkang dipun ngendikaaken lan dipun tindakaken badhe dipun conto dening para putra wayah ing nggriya.  Pramila para tiyang sepuh ing dalem kedah usaha migunaaken basa kanthi sae lan bener saha pener, amargi minangka tepa palupi.  Mboten perlu lingsem menawi wonten panyaruwe utawi kritik dening tiyang sanes, mboten perlu lingsem menawi mboten presa lajeng nyuwun presa dateng ngasanes.  Mboten wonten awonipun nambah seserepan Basa Jawi dateng tiyang sanes ingkang langkung pana supados saget migunaaken basa kanthi sae, bener lan pener.  Pambiyasan ing kluwarga badhe adamel kebiyasaan ugi kagem para putra.  Para sujana paring pangendikan, kabiyasaan ingkang dipun tindakaken 20 (kalih dasa) dinten kanthi ajeg lan mboten pedhot badhe dados karakter.   Pramila ngulinaaken Basa Jawi utaminipun basa krama wonten ing kluwarga saestu sae kangge lestantunipun saha ngrembakanipun Basa Jawi.  Menawi wonten lare ingkang klentu migunaaken tembung utawa basa, tiyang sepuh saget mbeneraken lan meneraken kanthi wicaksana murih mboten nglarani ingkang dipun peneraken.

Masyarakat lumantar organisasi ingkang wonten ugi gadhah tanggel jawab lan peran ingkang penting kangge ngestantunaken Basa Jawi.  Pakempalan wonten ing tataran RT, dusun, kelurahan saha sak inggilipun ugi gadhah peran ingkang penting.  Wonten ing pepanggihan-pepanggihan saha pakempalan punika minangka sarana lan wekdal kangge migunaaken Basa Jawi.  Kedahipun wonten kawicaksanan menawi saben pepanggihan migunaaken Basa Jawi, masyarakat ugi mboten perlu ajrih menawi naggenipun ngendika kirang trep utawi malah salah.  Piyantun ingkang langkung pana saget paring panyaruwe saha mbeneraken.  Mekaten ugi ingkang dipun beneraken mboten usah lingsem, malah saget pikantuk seserepan enggal lan kanthi lantaran punika badhe langkung prigel migunaaken Basa Jawi.  Alah bisa karna biasa merga kulina dadi bisa.  Menawi sampun kabiyasaaken, para anggota ugi badhe paham sarta sekedhik mbaka sekedhik badhe tambah keprigelanipun migunaaken basa Jawi.  Ugi sae senget damel acara kanthi paraganipun gilir gumanti sahingga sedaya saget ngraosaken saha tambah pengalaman.  Nalika panyerat tasih SMP, udakara tahun 1980-nan, taksih kemutan wonten ing kampung saben malam Ahad dipun wonteni acara “Latihan Kekendelan” inggih punika pepanggihan pengaosan alit ingkang jamaahipun namun watawis 15 lare.  Kala semanten dipun dhapuk paraga pambiyawara, wakil pengurus, pamaos kalam ilahi, saha ingkang pareng pitutur pengaosan.  Mekaten ugi wonten ing pepanggihan pemuda, sedaya migunaaken Basa Jawi. Sedaya ngraosaken dados paraga punika, ngantos sasampunipun sami dewasa samenika meh sedaya sagenerasi panyerat saget atur pangandikan wonten ing forum-forum alit lan ageng kanthi migunaaken Basa Jawi.  Menika salah satunggaling peran masyarakat lumantar organisasi sosial keagamaan sarta kepemudaan.  Pramila lembaga kemasyaratan sosial keagamaan ingkang wonten kedah paring penyengkuyung bantu binantu amrih sedaya warga menika migunaaken basa Jawa.  Kanthi mekaten kaangkah basa Jawi tetep dipun ginakaken ing padintenan sae pasrawungan ugi ing adicara-adicara formal lan informal.

Mekaten ugi pemrentah lumantar lembaga kadosta kundha kabudayan, padukuhan, kalurahan lan sak inggilipun ugi perlu nggatosaken pentingipun nglestantunaken lan ngrembakaaken basa Jawi.  Saget katindakaken kanthi ngiyataken pakempalan kabudayan, pendataan pakempalan kabudayan kanthi panyengkuyung arupi yuridis formal keanggotaan kang cinathet ing kunda.  Lembaga kasebat saget ngawontenaken festival, lomba, pentas daring lan sapanunggalanipun kanthi ancas tujuan masyarakat lan pakempalan budaya sami grengseng anggenipun gladhen.  Festival Dalang Anak (FDA) lan Festival Dalang Muda (FDM) ingkang dipun adani dening Kundha Kabudayan Sleman tuladhanipun, minangka pambudi daya nglairaken dhalang-dhalang wiranem kagem regenerasi.  H. Y. Aji Wulantara,S.H.,M.Hum kepala Kundha Kabudayan Sleman nalika murwakani FDA-FDM Senin (24-25/05) ing Gedung Kesenian Sleman.  ngendikaaken bilih festival punika kangge nggrengsengaken saha mbudidayaaken lembaga-lembaga seni lan sanggar-sanggar.  Lumantar lambaga kasebut kathah lare lan wiranom remen lan grengseng gladhi kabudayan.  Grengsengipun gladhi seni saget ningkataken partisipasi masyarakat mbudidayaaken saha ngrembakaaken kabudayan Jawi.  Festival dhalang menika saestu nggrengsengaken lare lan wiranem nggegulang pewayangan ingkang saestu manpangati kgem generasi milenial.  Miterat A Windarto (KR 17/06/2021) negasaken bilih kekiyatan seni tradisi mliginipun wayang saestunipun saget menunda gejala-gejala intoleransi utawi manipulasi budaya ing masyarakat.  Sahingga mboten gampil kesupen kaliyan masalah ingkang nuwuhaken kekajengan minangka generasi milenial ingkang langkung toleran.

Pemrentah lumantar KPID (Komisi Penyiaran Independen Daerah) ugi saged ningkataken peranipun supados sedaya media sami ngathahken konten (isi) kedhaerahan mliginipun kabudayan lan basa Jawi.  Saklajengipun ugi kagatosaken (monitor) pelaksanaanipun menapa pun tindakaken kanthi sestu menapa dereng.  Kanthi mekaten kaajab penyiaran konten dhaerah langkung kathah kagem sedaya lapiran masyarakat.  Menawi wonten isi siaran ingkang nerak saking angger-angger kepenyiaran, KPID sampun paring peringatan saha teguran  datheng lembaga ingkang nglanggar aturan.  Pramila masyarakat ugi kaajab partisipasi aktip kanthi nglaporaken Lembaga penyiaran ingkang nerak aturan lan samangkehipun lajeng katindaklanjuti dening KPID.

Makarya sesarengan antawisipun keluwarga, pemerintah lan masyarakat mugi saged nglestantunaken saha ngrembakaaken kabudayan lan basa Jawi ing wilayah Ngayogyakarta Hadiningrat punika.

Tulisan ini ditulis oleh Edy Suparyanto, dan dinyatakan lolos dalam Lomba Menulis Esai Bahasa Jawa dan kemudian masuk dalam Buku Antologi Esai Bahasa Jawa LAYANG AKSARA ANTOLOGI ESAI halaman 206 – 210.  Buku  LAYANG AKSARA ANTOLOGI ESAI diterbitkan oleh Kundha Kabudayan (Dinas Kebudayaan) Daerah Istimewa Yogyakarta tahun 2021.

 

 

Show More

Related Articles

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *


The reCAPTCHA verification period has expired. Please reload the page.

Back to top button