Article

Idul Fitri Resik Ati Resik Lingkungan

Seneng Dahare Seneb Sampahe

Muslimin-muslimat wis padha rampung utawa lebar anggone nindakake pasa ing wulan Ramadhan.  Sabanjure padha ngrameke lebaran Idul Fitri lan uga kabeh padha laburan, lebar duwe ati jembar, lan liburan utawa preinan.  Ora katalumpen mbayar zakat fitrah minangka rukun Islam katelu lan panyempurna pasa, ana kang uga zakat maal kanggo ngresiki banda bea.  Senajan mbayar zakat maal isa kapan wae sing penting wis tekan nisobe.  Rejeki lumeber ana sadengah papan.  Muslimin-muslimat pada laburan utawa “nglabur”, sing artine mutihke lan ngresiki ati.  Ngresiki ati kanthi nyuwun lan paring pangapura sapara-para.  Kabeh padha duwe ati kang amba lan jembar utawa lebar (luas : Indonesia), pada nglenggana salah ora ana kang rumangsa paling bener.  Kabeh padha rumangsa salah pada kepingin nglebur dosa.  Kahanan tahun 2020 iki akeh kang pada ana ngomah, kerja sinau lan ngibadah ana ngomah, perangan kawicaksanan pamrentah kanggo mbendung pageblug Covid-19.  Uga pada liburan, preinan saka nyambut gawe kanggo ngramekake Idul Fitri, menang sasuwene sesasi merangi lan meper hawa nepsu, ngupiya dadi wong kang taqwa.  “Kutiba‘alaikumushshiyam kamaa kutiba’alalladziina minqoblikum la’allakum tattaquun.  Diwajibake marang sira kabeh nindakake pasa kaya kang wus diwajibake marang umat-umat sak durung sira supaya sira kabeh dadi wong kang taqwa” (Al-Baqoroh : 183).

Ing Riaya Idul Fitri biasane uga akeh penganan.  Sing enom nyaosake tanda tresna lan pakurmatan arupa pisungsum penganan marang para sepuh.  Sing sepuh uga paring sebagean rejeki arupa duwit utawa penganan marang sing enom utawa wong mlarat kang uripe kacongkrangan.  Ing saben omah akeh maneka warna penganan.  Saking akehe menawa diwadahi nganti luber-luber, jalaran akeh banget.  Bocah-bocah padha nyumet mercon utawa jajan penganan sing disenengi amarga duwe dhuwit lumayan akeh paringane para sepuh.  Sanyatane suwarane mercon ngganggu masyarakat kang lagi khusuk ngibadah tebiran ngagungake asmane Pangeran ing malem riaya, sampahe mercon mau uga njemberi.

Sing uga ndadekake prihatin yaiku kasadharan warga masyarakat marang lingkungan perlu aweh kawigaten.  Akeh penganan kayata roti, peyek, jenang lan sapanunggalane kang diwungkus plastik.  Sak uwise penganan didhahar, wungkusan plastik mau dibuang sembarangan tanpa didhewek-dhewekke tanpa dipantha-pantha.  Kasadaran ndhewek-ndhewekke (memilah-Indonesia) utawa mantha-mantha sampah plastik lan organik dening masyarakat isih mrihatinake.  Kamangka sampah plastik iku ora isa lebur karo lemah, ngendikane para winasis mbutuhake atusan tahun isa lebur, pungkasane njemberi lingkungan lan ngurangi kasuburane lemah.  Sampah sing njemberi uga nutupi dalan banyu kang nyebabke banjir ing mangsa rendheng.  Akehe sampah plastik merga kurange kesadaran masyarakat mantha-mantha isa nyebabke karusakan lan musibah ing alam dhonya.  Manungsa uga kang bakal nampa akibate.  Gusti Alloh Subhaanahu wata’aala ngelingake manungsa ana ing Ar-Rum 41: ”Dhoharol fasaadu fil ardhi walbahri bimaakasabat aidinnaas, liyudziiqohum ba’dholladzii ’amiluu la’allahum yarji’uun. Iki wis katon manawa karusakan ing darat lan segara amarga tumindak tangane manungsa; Gusti Allah pengin manawa dheweke (manungsa)  ngrasakake sawetara akibat saka tumindak kasebut, supaya dheweke (manungsa) bisa bali maneh (marang dalan kang bener).”   Sampah organik kang wus dipantha isa kanggo rabuk tanduran lan wit-witan ing kebon.  Sampah plastik kang uwis kapantha dadi siji isa diparingake minangka shodaqoh marang tukang klumpuk-klumpuk sampah (pengepul).

Idul Fitri 2020 iki beda banget kabandingake tahun-tahun kepungkur merga anane pagebluk Corona.  Anane kawicaksanan pamrentah supaya kerja sinau lan ngibadah ing ngomah isa didadekake  kesempatan sakulowarga ndhidik sadar lan peduli lingkungan.  Sampah ing njaban ngomah wis suda, ananging akeh sampah ing njero ngomah, merga padha ana ngomah ora pada tindakan.  Mulane mantha-mantha sampah kawiwitan seka ngomah.  Menawa kabeh warga duwe kesadharan milah lan mantha sampah kasebut, banjur kapapanake ana ing papan kang den samekta, ora mbuwang sak wudele dhewe, lingkungan bakal resik lan sehat.  Resike lingkungan nuduhke apik lan becike warga masyarakat.  Kabeh warga anduweni tanggung jawab kanggo njaga resik, sehat lan lestarine lingkungan.  Kawiwitan saka kulowarga, para putra kudu dikenalake lan dibiasakake peduli lan pentinge njaga lingkungan.  Wong tuwa isa ndhidhik putra-putrine kanthi maringi tuladha sarta ajakan kang wicaksana.  Kabeh kanggo lestarine lingkungan, kanggo uripe anak putu.

Edy Suparyanto Guru MAN 4 Sleman (Pakem)

Show More

Related Articles

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *


The reCAPTCHA verification period has expired. Please reload the page.

Back to top button